HOME OWNER FRIENDS STUFFS FOLLOW DBOARD NEWER OLDER

Teks Pidato Bahasa Jawa bertema Perpisahan siswa
Jumat, 17 Mei 2013 - Permalink - 1 Miku(s)


Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah SMP N 1 Baturetno.
Ingkang pantes sinudarsa Bapak/Ibu guru kalihan sedanten karyawan SMP N 1 Baturetno.
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu tiyang sepah kalihan wali murid SMP N 1 Baturetno.
Saha para kadang wredha mudha siswa SMP N 1 Baturetno ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Allah. Inggih awit sih nugraha sarta brekahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya, kalis ing rubeda.
Salajengipun, wonten ing wekdal punika keparengaken kula matur makili rencang-rencang kelas 9.  Ingkang sepindhah, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang sampun sami kersa maringi grujugan piwulang, bimbingan, kaliyan kathah ilmu ugi pawartosan ingkang becik, kanthi asikap sabar saha wicaksono. Sehingga kula sarencang kelas 9 saged lulus menggah asil ingkang mboten nguciwaaken saha dumadosaken bingah. Salajengipun, kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng Bapak/Ibu tiyang sepah/wali ingkang sampun sami kersa nyambut dhamel kanthi siram kringet dleweran supados kita sedanten, siswa kelas 9 taksih saged nglajengaken anggenipun ngudi ilmu.
Ingkang kaping kalihipun, kula ngaturaken pangapunten dhumateng Bapak/Ibu guru bilih kula sarencang wonten lepat ingkang dipunsengaja punapa mboten, rikala kula sarencang ngudi ilmu wonten ing SMP N 1 Baturetno punika. Salajengipun, kula ugi ngaturaken pangapunten dhumateng Bapak/Ibu tiyang sepah/wali bilih kula wonten kathah klentunipun wonten atur punapa solah bawa. Kangge para kadang wredha mudha kelas 7 ugi kelas 8, kula ugi ngaturaken pangapunten menggah kathah lepat ingkang asipat lair punapa batin rikala kita sedanten sami-sami ngudi ilmu wonten ing SMP N 1 Baturetno punika.
Ingkang kaping tigonipun, kula sarencang nyuwun donga pangesthinipun dhumateng sedanten tiyang wonten mriki, supados kula sarencang dipunparingi kelancaran, kaleh dipun gampelaken anggenipun nglajengaken pendidikan wonten tingkat ingkang salajengipun.
Ingkang pungkasanipun, kula sarencang mawanti-wanti dhumateng para kadang wredha mudha kelas 7 ugi kelas 8 supados saged siap anggenipun ngadhepi ujian sekolah punapa ujian nasional sumonggo asilipun mboten nguciwaaken Bapak/Ibu guru, Bapak/Ibu tiyang sepah/wali, ugi dhumateng pribadi dhirinipun piyambak-piyambak.
Ing wasana, namung kemawon ingkang saged kula aturaken, matur sembah nuwun anggenipun wekdal ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kula. Dene kula pribadhi ugi nyuwun lumunturing sih samodraning pangaksami menggah solah bawa kalihan panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.
Wassalamualaikum Wr. Wb.